B. Daerah

Pertanyaan

kepiye watake tembang pangkur iku

1 Jawaban

  • Kelas              : X

    Pelajaran       : B. Daerah

    Kategori         : Bahasa Jawa

    Kata Kunci    : Sekar Macapat, Pangkur, Pangerten Tembang Pangkur, Watak tembang Pangkur.

    Kode               : -

     

    Pembahasaan :

                    Tembang Macapat yaiku tembang utawa puisi tradisional ing tlatah Jawa sing paugeran – paugerane ono telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Tembang Macapat katah contone, antarane Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung.

     

                    Tembang Macapat Pangkur, nduweni teges saking kata mungkur. Tembang iki nduweni filosofi supados manungso iku saged ninggalake nafsu donya lan ngakehi amal ibadah.

     

                    Nalika nemoni ujian urip utawa hal-hal ingkang ala, tembang Pangkur nyeritakake manungsa ingkang sampun siap ninggalake urusan nafsu donya lan nyoba nyerakake awak marang Gusti Allah.

     

                    Watak tembang pangkur nggambarake karakter ingkang gagah, kuwat, perkasa, lan jejeg atine. Tembang pangkur cocok digunakake kangge nyeritakake cerita bab kaprawiran, Parjuangan, lan ugi bab Paperangan.

     

    ------------------------------------------------------------

    Ugi diwaca contonipun Tembang Pangkur : https://brainly.co.id/tugas/7311483

Pertanyaan Lainnya