B. Daerah

Pertanyaan

tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani

1 Jawaban

  •            Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe iku diarani tembung purwakanthi. Tembung purwakanthi iku miduweni 3 jenis, yaiku Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra, lan Purwakanthi Lumaksita/Guru Basa.

    Tembung Purwakanthi Guru Swara.

    Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing swarane. Contone :  

    • Ora obah ora mamah.
    • Jujur agawe Makmur.
    • Kepengen mujur tur malah ajur.

    Tembung Purwakanthi Guru Sastra.

    Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing sastra  utawa tulisane. Contone :  

    • Bobot, bibit, lan bebet iku penting.
    • Garang nanging garing.
    • Sing sapa salah bakale seleh

    Tembung Purwakanthi Guru Basa.

    Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine. Contone :  

    • Kepingin tuku buku, bukune wis entek.
    • Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.
    • Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.

               

               Semoga jawaban kakak dapat membantu, apabila masih terdapat pertanyaan yang lain, jangan ragu ajukan pertanyaanmu di Brainly ya.

    Detail Tambahan

    Kelas             : V

    Pelajaran       : Bahasa Daerah

    Kategori         : Bahasa Jawa

    Kata Kunci     : Tembung Purwakanthi, Guru Swara, Guru Sastra, Guru Basa

    Kode              : -

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya